Menyang kontèn

Gambar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 12 Juli 2012 02.16 déning CommonsDelinker (parembugan | pasumbang) (The file Image:Boneka_Barbie.jpg has been removed, as it has been deleted by commons:User:Elcobbola: ''Copyright violation''. ''Translate me!'')
Barkas:Lukisan.JPG
Gambar Lukisan

Gambar miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia yaiku kembaran barang (wong, kéwan, tanduran, lsp) sing digawé saka coret-coretan, lsp ing kertas utawa dluwang lsp [1]. Menawa kita gatekaké akèh tulisan "lsp" ing pengerten gambar kasebut, iku njlentrehaké menawa pangertène gambar akeh banget.[1] Pangertène sing kapisan yaiku nuduhaké menawa gambar ora kawates namung barang kembaran wong, kéwan lan tanduran. Ananging bisa uga kembaran sing liyané. Lsp sing keloro uga ora kawates gambar ing kertas.[1] Ananging bisa uga nganggo pointer mouse ing program nggambar komputer. Lsp sing pungkasan nuduhaké menawa sarana dinggo gambar ora kawates ana kertas. Bisa uga ana tembok, papan kayu, lan ana kanvas imaginer ing program nggambar komputer.[1] Nang kéné kita bisa ngerti pangertené gambar kanthi jembar lan bisa dimudunké kanthi macem-macem pangerten miturut owah-owahing jaman lan tertib ilmu.[1] Jaman biyen mungkin pangertené gambar namung kawates ing orek-orekan tartamtu ing kertas, ananging saiki wong pada ngerti gambar dadi campuran antaraneé garis lan warna ing program komputer.[1] Menawa kita ngulati Kamus Besar Bahasa Indonesia, pangertené gambar uga bisa dipadakné karo lukisan.[1]

Kagunan gambar bisa disimpulake dumadi 3 bageyan yaiku:

  • Ing tingkat kapisan gambar arupa notasi utawa cathetan ing babagan wujud barang kang nyata utawa kasat mata ing kahanan tartemtu kang bisa digolongake jroning suwasana paling estetik (endah) déning panggambar.Cathetan, notasi utawa sketsa minangka asil gambar kang umumé ndhuweni kandutan garis bisa dikerjakake jroning wektu kang cepet, uga diterusake déning tahap sabanjuré.
  • Kaloro gambar ana utawa nyata lan mbuktèkake marang karya seni rupa kang nyata utawa bisa dideleng minangka karya seni kang manunggal utawa madeg ana ing jroning prinsip-prinsip seni rupa[1].

Cathetan suku