Menyang kontèn

Ain (Departemen ing Prancis)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gedung pusat pamaréntahan utawa Prefecture Departemen Ain, ing Bourg-en-Bresse

Ain (Arpitan: En) kuwi sawijining departemen kang dijenengaké saka anané Kali Ain kang dumunung ana ing pinggir wétan Prancis, yakuwi ing region Rhône-Alpes (Rôno-Arpes) ing tapel wates karo negaraSwiss. Nomer urut Departemen iki yaiku nomer 01.

Sajarah

Departemen iki minangka salah siji saka 83 departemen kang didegaké samangsa jaman Revolusi Prancis yaiku ing tanggal 4 Maret, 1790. Departemen iki diciptakaké saka patang (tilas) provinsi, yakuwi: Bresse (Brêsse), Bugey (Bugê), Dombes (Domba) , lan Gex, lan sebagéan saka : Franc-Lyonnais.

Wis wiwit abad ka-13 pedunung ing tlatah iki omong nganggo dhialèk kang béda saka basa Arpitan kang diarani Bressan. Dhialèk iki isih kerep dipigunakaké ing dhaérah pedhalaman Ain nganti abad ka-20. Nganti dina iki isih dipigunakaké nanging ora sben dina.

Tlaytah iki asal muasalé bagéan saka krajaan kuna Burgundy, sadurungé digabungaké karo Prancis déning dukes saka Savoy ing taun 1601. Wiwit taun 1798 nganti 1814, Gex dipisahaké lan dadi bagéan saka departemenLéman. Enem commune bagéan kidul-kulon dipisahaké saka Ain ing taun 1967 lan dadi bagéan saka Komunitas Urban Lyon.

Geografi

Departemen iki dibagi saka lor mangidul déning Kali Ain. Bagéan kulon dumadi saka dhataran lan dhataran endhèk. Sisih wétan luwih arupa gunung-gunung, yakuwi terusané Gunung Jura sisih kidul. Titik elevasi paling dhuwur jroning departemen iki(lan ing gunung Jura) yakuwi dumunung ing Crêt de la Neige (1720 m).

Ain kuwi dikubengi déning departemen Jura, Saône-et-Loire, Rhône, Isère, Savoie, lan Haute-Savoie. Ing sisih wétan, wewatesan karo canton-canton Swiss, yakuwiJenewa lan Vaud.

Kutha

Ing ngisor iki sawetara kutha wigati ing departemen Ain:

Kali

Saliyané kali Ain, uga ana kali-kali kang mili ing departemen Ain, antara liya yakuwi:

Demografi

Departemen iki ora nduwé kutha gedhé, lan populasi mencar ing sawetara kutha-kutha cilik. Populasi suda sithik ing paro kaloro abad ka-19 amarga anané urbanisasi, lan luwih-luwih sudané mangsa Perang Donya I. Wiwit nambah manèh sawisé Perang Donya II, amarga ekspansi tlatah pinggirané (suburb) Lyon lan Jeneva. Saka taun 1968 nganti 1999, pedunung nambah saka 339,262 dadi 515,270.

Turisme

Loro atraksi utama turisme yakuwi èstat Voltaire ing Ferney-Voltaire lan makam John Vianney ing Ars-sur-Formans.

Departemen iki uga nawakké wisata alam, kanthi mlaku, numpak pit utawa nunggang jaran. Kali lan tlagané nyadhiakaké kasempatan kanggo werna-werna olahraga banyu.

Sisih lor-wétan saka departemen iki, yakuwi ing Pays de Gex nduwé akèh ski resort lan pemandhangan alam Alpen, klebu uga Mont Blanc.

Parc Naturel Régional du Haut Jura kuwi sawijining cagar alam kanthi tlatah "sadhel" (mountain pass) kang dhuwur.

Delengen uga

Pranala jaba



Lambang Perancis Departemen Prancis Lambang Prancis

Prancis Dharatan:
01 Ain
02 Aisne
03 Allier
04 Alpes-de-Haute-Provence
05 Hautes-Alpes
06 Alpes-Maritimes
07 Ardèche
08 Ardennes
09 Ariège
10 Aube
11 Aude
12 Aveyron
13 Bouches-du-Rhône
14 Calvados
15 Cantal
16 Charente
17 Charente-Maritime
18 Cher
19 Corrèze
2A Corse-du-Sud
2B Haute-Corse
21 Côte-d'Or
22 Côtes-d'Armor
23 Creuse
24 Dordogne
25 Doubs
26 Drôme

27 Eure
28 Eure-et-Loir
29 Finistère
30 Gard
31 Haute-Garonne
32 Gers
33 Gironde
34 Hérault
35 Ille-et-Vilaine
36 Indre
37 Indre-et-Loire
38 Isère
39 Jura
40 Landes
41 Loir-et-Cher
42 Loire
43 Haute-Loire
44 Loire-Atlantique
45 Loiret
46 Lot
47 Lot-et-Garonne
48 Lozère
49 Maine-et-Loire
50 Manche
51 Marne
52 Haute-Marne
53 Mayenne
54 Meurthe-et-Moselle

55 Meuse
56 Morbihan
57 Moselle
58 Nièvre
59 Nord
60 Oise
61 Orne
62 Pas-de-Calais
63 Puy-de-Dôme
64 Pyrénées-Atlantiques
65 Hautes-Pyrénées
66 Pyrénées-Orientales
67 Bas-Rhin
68 Haut-Rhin
69 Rhône - Métropole de Lyon
70 Haute-Saône
71 Saône-et-Loire
72 Sarthe
73 Savoie
74 Haute-Savoie
75 Paris
76 Seine-Maritime
77 Seine-et-Marne
78 Yvelines
79 Deux-Sèvres
80 Somme
81 Tarn
82 Tarn-et-Garonne

83 Var
84 Vaucluse
85 Vendée
86 Vienne
87 Haute-Vienne
88 Vosges
89 Yonne
90 Territoire de Belfort
91 Essonne
92 Hauts-de-Seine
93 Seine-Saint-Denis
94 Val-de-Marne
95 Val-d'Oise

Departemen jaban rangkah:
971 Guadeloupe
972 Martinique
973 Guyane
974 Reunion
976 Mayotte
Komunitas jaban rangkah:
975 Saint-Pierre-et-Miquelon
986 Wallis-et-Futuna
987 Polinesia Prancis (negara sebrang segara)